Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Musabaqoh Kitab Kuning

Musabaqoh Kitab Kuning

Bantul, www.jogjatv.tv – Minangka sarana kangge memetri budaya, mliginipun budaya islam jawa, Pesantren Al Munawir Krapyak nggelar Musabaqoh Kitab Kuning. Puluhan santri saking sawetawis pesantren ing Ngayogyakarta, Ngebaki Aula Pesantren Al Munawwir Krapyak, Sewon, Bantul tumut Musabaqoh Kitab Kuning utawi Kitab Ihya Ulumidin anggitanipun Imam Al Ghazali. Sinaosa kapetang angel awit boten jinangkepan harakat, nanging Kitab Kuning punika inggih salah satunggaling kitab tuntunan kangge nindakaken piwucal Agama Islam ingkang kebak tepaselira. Salebeting kitab kasebat ugi kamot luwesipun cakcakan piwucal syariat Agama Islam satemah Kitab Kuning ugi asring katelah kitab anti radikalisme .

Erma, salah satunggaling pamupu musabaqoh nelakaken kangelan anggenipun maos Kitab Kuning. Dewan juri nemtokaken kanthi acak tajrih ingkang badhe dipun waos dening pamupu pramila pamupu ugi kedah prigel anggenipun madosi tajrih ingkang dipun badhe dipun waos. Kejawi punika pamupu racakipun ugi kangelan mangertosi babagan nahwu dene bab tegesipun tembung saged dipun mangertosi. Sinaosa kangelan nanging Erma nelakaken remen saged tumut musabaqoh.

Kitab Kuning inggih kitab anggitanipun Imam Al Ghazali, ingkang dipun serat tanpa harakat satemah tumrap ingkang maos nanging boten mangertos dhateng nahwu shorof badhe kangelan. Kitab punika samakipun werni jene satemah asring sinebat Kitab Kuning dene irah-irahan asli kitab punika Ihya Ulumiddin . (Anang Zainuddin) 

Share this with friends

Comments are closed.