Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Manunggalaken Seni Ringit Lan Teknologi

Manunggalaken Seni Ringit Lan Teknologi

Bantul, www.jogjatvtv — Boten saged dipun selaki, pangrembakaning teknologi rumambah dhateng sedaya kridhaning Masyarakat Indonesia . Makaten ugi ing babagan seni budaya. Samangke teknologi sampun nyawiji kaliyan tradisi. Awit saking punika, para  seniman ugi manunggalaken seni lan teknologi kangge ngripta satunggaling pakaryan ingkang elok lan mranani.

Dinten Rebo (11/5) Rumah Budaya Tembi tembayatan kaliyan Universitas Nasional Singapura nggelar pameran budaya kanthi manungalaken seni lan teknologi. Salebeting kalodhangan kasebat dipun pameraken,  tiga karya seni wohing pakaryan seniman Indonesia , Singapura lan Meksiko.

Karya seni ingkang dipun pameraken inggih punika,  Kelir Interaktif, wohing pakaryanipun Miguel Escobar Varella ingkang nyawisaken 24 video dokumentaasi pagelaran ringit para dhalang  kawentar ing Tanah Jawa. Kangge ningali video boten mawi tombol utawi gadget nanging pamirsa kedah lenggah kados dene dhalang ingkang saweg mbabar lampahan ringgit, antawisipun tancep kayon nancepaken gunungan dhateng debob lan ngungelaken dodogan.

Kajawi   Kelir  Interaktif salabeting kalodhangan kasebat ugi dipun pameraken Wayang Animasi, wohing pakaryanipun Nanang Kancil.ingkang damel keprananipun para pamirsa.

Ing pungkasaning pameran, dipun pameraken karya seni, wohing pakaryanipun, Dosen UGM,  Gea Oswah Fatah Parikesit, ingkang manunggalaken kelir ringgit,  lampu lan tesmak mligi. Nalika ringgit dipun solahaken,  bayangan lampu abrit lan biru ngetingalaken efek 3 dimensi ingkang elok lan cetha ingkang saged  dipun tingali ngangge tesmak mligi. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.