Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Sesorah Basa Jawa

Lomba Sesorah Basa Jawa

Bantul, www.jogjatv.rv – Puluhan siswa saking perwakilan SMP, SMA lan SMK, katingal dhateng ing ruwang rapat Dinas Pendidikan Kabupaten Bantul. Para siswa katingal greget tumut lomba sesorah basa jawa,  ingkang dipun gelar minangka rerangken pengetan hari Pendidikan Nasional. Saben pamupu dipun sukani kalodhangan wekdal kalihdasa menit kangge ngaturaken sesorah dhateng sangajenging dewan juri.

Ari Susanti salah satunggaling pamupu saking SMP Pundong mratelakaken namung nyawisaken materi sadanguning kalih dinten. Sinaosa ndredheg, nanging Ari pitados saged mupu lomba kasebat. Dene uwosing rembag ingkang dipun aturaken salebeting sesorah inggih punika uruping penggalih padhanging gegayutan, ingkang nyariyosaken bab panggalihan luhur kangge nggayuh gegayuhan.

Koordinator acara, Suminardi mratelakaken, kejawi kangge mengeti rerangkening pengetan Hardikas, lomba sesorah punika ugi minangka sarana nitik sepinten sekolah anggenipun suka piwucal Basa Jawa dhateng para siswanipun. Bab kasebat jalaran ngantos samangke taksih kathah sekolah ingkang ngiwakaken Basa Jawa, satemah Basa Jawa minangka basa ibu kepara dipun singkur dening para siswa. ( Anang Zainuddin )

 

 

Share this with friends

Comments are closed.