Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Karya Jurnalistik Tataran SMP

Lomba Karya Jurnalistik Tataran SMP

Klaten, www.jogjatv.tv – Sasampunipun kasembadan nggelar Lomba Penelitian Siswa Nasional samangke Dinas Pendidikan Kabupaten Klaten nggelar   Lomba Karya Jurnalistik tumrap siswa tataran SMP.

Pamupu lomba karya jusnalistik  , inggih tim saking 7 SMP ing  tlatah  Klaten Jawa Tengah ingkang sabotenipun sampun gadhah buletin sekolah sadanguning 2 taun. Tim pamupu lomba kedah pratek liputan , damel naskah lan  salajengipun dipun cetak dhateng buletin sekolah. Miturut koordinator dewan juri , Indah Sulistyowati, Lomba Karya Jusnalistik siswa tataran SMP ajeg dipun gelar dening  Dinas Pendidikan Kabupaten Klaten, setaun sepisan. Saking 7 tim pamupu lomba, badhe dipun temtokaken satunggaling tim kangge majeng Lomba Karya Jurnalistik tataran Nasional . Ancasing lomba , kangge nggladhi siswa babagan jurnalistik  sarta supados lare-lare mulat dhateng kawontenan sakiwa tengenipun  ingkang badhe kamot salebeting karya jusnalistik. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.