Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ladosan Ing Polres Kanthi Swasana Jawa

Ladosan Ing Polres Kanthi Swasana Jawa

Sleman, www.jogjatv.tv – Ngleresi pengetan Hari Kartini, dinten Kemis (21/4) enjing, ladosan  masyarakat ing Polres Sleman dipun tindakaken kanthi swasana jawa. Para petugas mliginipun polwan  ingkang tugas ing unit layanan Surat Izin Mengemudi, unit layanan BPKB sarta layanan Surat Keterangan Catatan Kepolisian Polres Sleman, ngangge busana adat jawa lan wicantenan mawi basa jawa.

Miturut Bintara Urusan Surat Tanda Nomor Kendaraan Samsat Sleman, Aiptu Titik Sulistyowati, ancasipun ngginakaken busana adat jawa salebeting pengetan  Hari Kartini samangke kangge ngenget-enget labuh labet  pejuwang emansipasi wanita, Raden Ajeng Kartini ngiras kangge memetri kagunan budaya adiluhung.

 

Miturut Aiptu Titik Sulistyowati, ngangge busana adat nalika makarya tetela boten ribet kepara saya sengguh salebeting suka ladosan dhateng masyarakat lan saged dados pamecut tumrap masyarakat supados  nresnani  busana adat. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.