Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ladosan Informasi Loker Dereng Tumanja

Ladosan Informasi Loker Dereng Tumanja

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pemerintah Kota Yogyakarta lumantar Dinas Tenaga Kerja Dan Transmigrasi gadhah cara enggal , salebeting ladosan informasi lowongan pekerjaan kanthi nyawisaken kantor ingkang sekeca kangge madosi informasi lowongan kerja. Kantor ingkang dipun suhi dening Disnakertrans bidang tenaga kerja kasebat ngladosi warga ingkang pados kartu kuning utawi AK1 sarta suka maneka nformasi bab lowongan pekerjaan ing Kota Yogyakarta lan sajawining wewengkon. Sinaosa dipun cawisaken ruang konsultasi pencari kerja,nanging ngantos samangke, fasilitas kasebat dereng dipun tanjakaken dening pencari kerja, kepara tumapak taun 2016 samangke, namung sawetawis warga kemawon ingkang pados   AK1. Kados kantor dinas tenaga kerja sanesipun, kantor Bidang Tenaga Kerja Kota Yogyakarta namung regeng nalika wonten informasi lowongan CPNS.

 

 

(Hari Atamaja)

Share this with friends

Comments are closed.