Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

L – ota Kota Yogyakarta Suka Bantuwan Dhateng Anak Asuh

L – ota Kota Yogyakarta Suka Bantuwan Dhateng Anak Asuh

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Lembaga Orang Tua Asuh, L-OTA Kota Yogyakarta, dinten senen (26/10) siyang, suka bantuwanarta sangu dhateng atusan anak asuh.

Bantuwan L-OTA Kota Yogyakarta kasebat dipun pasrahaken dhateng sawetawis siswa panampi bantuwan, ing aula UPT Pengelola TK ,SD wilayah timur , ungkang dumunung ing jalan Tamansiswa Yogyakarta. Arta sangu dipun pasrahaken dhateng 410 siswa SD, 140 siswa SMP lan 10 siswa SMA,SMK. Sangu kangge siswa SD gunggungipun Rp 120 .000,00 saben siswa, siswa SMP gunggungipun Rp.180.000,00 saben siswa dene siswa SMA,SMK   gunggungipun Rp.240.000,00 saben siswa. Miturut Sekertaris L-OTA Kota Yogyakarta, Hadi Muhtar, bantuwan ingkang dipun pasrahaken dhateng siswa miskin inggih bantuwan saking para pengusaha ing Kota Yogyakarta , ingkang kaimpun salebeting gala diner, wiwit taun 2013 kapengker, gunggung Rp. 91, 8 yuta.

Salebeting kalodhangan kasebat, ugi dipun pasrahaken bantuwan saking L-Ota DIY, kangge 280 siswa Sekolah Dasar , gunggung Rp.120.000,00 saben siswa, Rp.180.000,00 kangge 10 siswa SMP lan Rp.240.000,00 saben siswa, kangge 20 siswa SMA, SMK, ingkang sedayanipun gunggung Rp.40, 2 yuta.

Bantuan arta sangu kasebat mligi dipun cakaken kangge nyekapi kabetahan sekolah, antawisipun kangge tumbas piranti sekolah , sragam lan sepatusupados boten wonten malih siswa ingkang sragam lan sepatunipun kirang murwat.

( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.