Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kuliner Khas Jepang,Takoyaki

Kuliner Khas Jepang,Takoyaki

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Tumrap para sutresna  kuliner, prayogi nyobi menu khas Jepang,Takoyaki. Kangge ngrahapi  menu kasebat, panjenengan boten kedah dhateng Negeri Sakura  awit samangke sampun cumawis ing Kawasan Kuliner Mande, ingkang dumunung ing Jalan Lowanu,Ngayogyakarta .

Takoyaki bahan bakunipun inggih  gandum,gurita lan bumbu empon-empon. Wonten maneka jinis Takoyaki ingkang dipun cawiskaen dene reginipun ugi murwat, wiwit Rp.12.000,00 saben porsi.   Takoyaki miraos  sanget menawi  anggenipun nedhi taksih anget. Miturut pengelola wande Takoyaki, Mirna, sampun 3 wulan pungkasan sadeyan kuliner khas Jepang lan samangke saya kathah pelangganipun. Mirna ngajab  kuliner Jepang    kasebat sageda dipun tampi dening masyarakat lan mimbuhi  kaskaya kuliner ing Ngayogyakarta .

Mande Jalan Lowanu boten namung mligi nyawisaken  Takoyaki kemawon nanging ugi nyawisaken  kuliner sanes ingkang miraos antawisipun ayam taliwang, siomay, mie pangsit sarta angkringan. ( Hari Atm,aja )

Share this with friends

Comments are closed.