Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kridha Pamulangan Ing SLB

Kridha Pamulangan Ing SLB

Klaten, www.jogjatv.tv – Kaprigelan siswa SLB kedah dipun dayakaken amrih ing tembenipun saged ambyur ing madyaning  masyarakat. Awit saking punika, pehak sekolah gadhah tanggel jawab, ndayakaken bakat siswa supados mandiri.

Miturut Kepala SLB Santi Yoga Klaten, Suripto, siswa SLB inggih perangan anak bangsa ingkang gadhah hak sami salebeting  pendidikan kados dene siswa normal. Supados saged mandiri lan boten gumantung dhateng  asanes, bakat siswa Berekebutuhan khusus  kedah  dipun dayakaken. awit saking punika, SLB Tuna Grahita,  Santi Yoga tansah gladhi kaprigelan  tumrap siswanipun antawisipun gladhen  damel sulaman,  damel  keset , nukang, bingkil lan cuci motor.

Pendidikan keterampilan ing slb, piguna kangge nggladhi siswa supados mandiri  amrih samekta ambyur ing madyaning masyarakat, sasampunipun  lulus benjing. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.