Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kreteg Gantung Seloharjo, Jujugan Sutresna Fotografi

Kreteg Gantung Seloharjo, Jujugan Sutresna Fotografi

Bantul, www.jogjatv.tv –Sasampunipun dhateng media sosial monjo taman amarilis, samangke kathah papan enggal ingkang mranani kangge foto lan dipun unggah dhateng media sosial. Papan-papan kasebat kados dene dados magnet tumrap masyarakat, mliginipun para mudha ingkang kepingin ngupload dhateng medsos.

Boten saged dipun selaki, kreteg piguna tumrap warga ingkang badhe nyabrang lepen. Kejawi punika, kreteg ugi dados papan kangge ngenggar-enggar penggalih, kadosta kreteg gantung Seloharjo, Pundong Bantul. Kreteg gantung ing sacelak kreteg seloharjo, ingkang wiwit dipun ginakaken taun 2015. Kreteg gantung kasebat sampun dangu dipun ginakaken dening warga, lan nate risak nalika redi merapi kurda taun 2010 kapengker. Sasampunipun dipun dandosi ngantos taun 2013 lan kreteg ingkang enggal dipun ginakaken, kreteg gantung regeng dening warga ingkang sanja tansaya tumrap sutresna fotografi ingkang kepingin foto kanthi latar kreteg gantung, kawimbuhan kaendahan alam ing sakiwa tengenipun.

Kreteg kasebat asring dipun dhateng dening sutrensa fotografi saking sajawining wewengkon DIY. Roncening blabag kajeng ingkang dipun gantung ngginakaken wesi, njalari kreteg gantung kasebat katingal klasik. Boten mokal menawi saben dinten, kreteg dhateng sanginggil lepen Opak, ingkang nyambetaken Desa Seloharjo kaliyan Desa Panjangrejo kasebat regeng dening tetiyang ingkang sanja.

Dukuh Gunungpuyuh, Samsudi ngajab, warga ingkang sanja tansah nengenaken kawilujengan sarta njagi kreteg supados awet.

( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.