Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Konsumsi Ulam Ing Diy Taksih Andhap

Konsumsi Ulam Ing Diy Taksih Andhap

Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa asil panen ulam ing sleman saya mindhak nanging rata- rata tingkat konsumsi ikan ing DIY, kalebet sleman taksih andhap. Awit saking punika, Deputi Kementrian Koordinator Bidang Kemaritiman Republik Indonesia, Safri Burhanuddin ngajab supados Pemkab Sleman kupiya njurung masyarakat supados greget konsumsi ulam kanthi miyaraken budidaya ulam ing wewengkonipun.

Ing sak sela-selaning kunjungan budidaya pertanian padi bersama ikan – mina padi ing Padukuhan Cibuk, Desa Margoluwih, Kecamatan Seyegan Sleman, Deputi Kementrian Koordinator Bidang Kemaritiman Republik Indonesia, Safri Burhanudin mratelakaken, miturut data pusat statistik, tingkat konsumsi ulam ing  DIY saweg 27 kilogram per kapita dene ing Sleman, langkung andhap malih namung 22,29 kilogram per kapita kamangka rata-rata konsumsi ikan tingkat nasional, 40 kilogram per kapita. Awit saking punika, Safri Burhanudin ngajab Pemkab Sleman grengseng njurung masyarakat supados remen nedhi ulam awit badhe ndayani tumrap kalantipan.  Miturut asil panaliten, tetiyang ingkang  kathah nedhi ulam dados lantip dene budidaya ulam ing  Sleman ugi kedah dipun rembakaken.

Miturut Kepala Dinas Pertanian dan Perikanan Kabupaten Sleman, Widi Sutikno, sawetawis taun pungkasan produksi ulam ing Sleman saben taun mindhak lan ing taun 2016 produksinipun ngantos 30 ewu ton. Ngengeti budidaya ikan bersama padi – mina padi asilipun maremaken kangge ngindakaken produk ulam pehakipun badhe nggrengsengaken budidaya mina padi supados asil panen pantun lan ulam ing Sleman saya mindhak.  ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.