Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kodim Sleman Sholat Istisqo’

Kodim Sleman Sholat Istisqo’

Sleman, www.jogjatv.tv — Pangaribawa mangsa ketiga taun samangke rinaos tansaya awrat awit saya kathah tlatah ingkang kekirangan toya resik lan ugi tumempuhing bencana kabut asap ing Sumatra lan Kalimantan. Kejawi rekadaya kanthi damel hujan buatan, maneka kupiya sanes ugi dipun tindakaken, kados puluhan warganing Kodim 0732 Sleman, ingkang nindakaken sholat istisqo nyuwun tumuruning jawah.

Miturut Komandan Kodim 0732 Sleman Letkol, Bambang Yudi Kustiwa sengaja ngajak sedaya warganing kodim nindakaken sholat istisqo’, inggih kadereng raos prihatos dene kathah warga ingkang kekirangan toya, lan para kadang tani boten saged tumuli nggarap sabin awit kaperbawan mangsa ketiga panjang ing taun punika. Tansaya wontenipun bencana kabut asap ing Sumatra lan Kalimantan awit kathah wana ingkang kobar, saya damel awrat sesangganing masyarakat. Kaajab kanthi nindakaken sholat istisqo’ Gusti tumuli nedhakaken jawah, kangge nyuda pangaribawaning mangsa ketiga.

(Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.