Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Kepyakan Lomba Kebudayaan Jawa

Kirab Kepyakan Lomba Kebudayaan Jawa

Magelang, www.jogjatv.tv – Ringgit inggih kagunan budaya adiluhung tilaranipun leluhur, emanipun wiranem jaman samangke, kirang greget ngleluri kaskaya budaya wewengkon. Kangge nepangaken seni ringgit, atusan pelajar tataran TK ngantos SMA ing Kitha Magelang, tumut kirab wayang, drumb band ngangge busana ringgit tiyang. Kirab bidhal saking alun- alun tumuju gedung Kyai Sepanjang Kota Magelang.

Miturut Kepala Bidang Kebudayaan, Kepala Dinas Pemuda, Olahraga, Kebudayaan dan Pariwisata Kitha Magelang, Sugeng Priyadi, ancasipun nggelar kirab, kangge nepangaken seni pedalangan tumrap para pelajar lan wiranem.

Kirab wayang inggih rerangken kepyakan lampahing Lomba Kebudayaan Jawa antawisipun karawitan, ringgit tiyang sarta festival dalang cilik.

(Yuki Pramudya)

Share this with friends

Comments are closed.