Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Budaya Boyongan

Kirab Budaya Boyongan

Bantul, www.jogjatv.tv – Kabudayan sampun mbalung sungsum ing madyaning masyarakat Kabupaten Bantul. Awit saking punika, warga ingkang mapan dhateng ngare punapa dene pareden ingkang cengkar boten saged nilar kagunan budaya warisan leluhur. Sinaosa jaman saya majeng, budaya wewengkon tansah dipun pepetri amrih lestari.

Kangge mengeti ambal warsa kaping 25,   Kelurahan Dlingo minangka Desa Pelestari Budaya sarta kangge ngregengaken kepyakan sanggar budaya enggal, warga Kelurahan Dlingo , Kecamatan Dlingo , Bantul , dinten Selasa (24/11) sonten nggelar kirab budaya boyongan. Kirab dipun pucuki bregodo Srikandi , lan bregodo prajurit, dipun estreni dening warga saking 10 pedukuhan sa Kelurahan Dlingo. Kirab bidhal saking pelataran Balai Desa Dlingo , tumuju Sanggar Budaya Dlingo ingkang tebihipun 3 kilomter.

Saleebting kirab budaya boyongan dipun arak 10 gunungan wulu wedaling bumi saking 10 pedukuhan sakelurahan Dlingo. Gunungan kasebat dipun dumaken dhateng warga ingkang tumut dzikiran lan dedonga sesarengan, ing malem ndalunipun. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.