Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kethoprak Kolosal ”Sumunaring surya ing gagat rahina”

Kethoprak Kolosal ”Sumunaring surya ing gagat rahina”

Bantul, www.jogjatv.tv – Boten namung seniman kemawon ingkang memetri budaya jawa, para karyawan ugi saged tumut memetri budaya, kadosta kanthi kethoprakan. satunggaling pagelaran kethoprak kolosal sesirah Sumunaring Surya Ing Gagat Rahina kangge nedahaken bilih para karyawan ugi baut olah seni.

Saben adegan dipun tata kanthi sae lan profesional. para paraga dhapukan kethoprak ingkang satleraman kados seniman professional kasebat saestunipun inggih para karyawan Amigo Group. Lampahan ingkang dipun gelar sesirah Sumunaring Surya Ing Gagat Rahina, nyariyosaken lintiring keprabon saking Pajang dhateng Mataram. Lampahan punika ugi nggambaraken bilih kawula saged milih satunggaling pangarsa ingkang kawawas saged ngindhakaken kemakmuran nagari lan kawulanipun.

Pagelaran kethoprak kolosal kasebat dipun gelar dhateng gedhung Jogja Expo Center sadanguning kalih jam. dene kangge kabetahan pagelaran kasebat. Para paraga dhapukan sampun gladhen sadanguning tigang wulan saderengipun. para karyawan kasebat gadhah tekat kangge tumut memetri seni budaya jawa, antawisipun lumantar kethoprak, karawitan punapadene tari tradisional. (Twin Kumilah)

Share this with friends

Comments are closed.