Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kerajinan Saking Koran Bekas

Kerajinan Saking Koran Bekas

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kawiwitan saking kathahipun koran bekas ing griyanipun, satunggaling wanita ing Ledhok Code, Kampung Tukangan, Yogyakarta, ngrekadaya koran bekas dados maneka kerajinan ingkang endah. Saking ide kreatif kasebat samangke kepara kathah welingan saking sanjawining rangkah.

Damel kerajinan saking bahan baku koran bekas dipun lampahi dening Briane Novi wiwit taun 2009 kapengker. Kawiwitan saking nyobi damel tas saking koran bekas, tetela asil kreasi punika dipun remeni dening konsumen satemah dados kalodhangan usaha.

Kangge damel kerajinan saking koran bekas inggih prasaja. Kawitanipun koran dipun gulung alit ngginakaken sada lan dipun lem. Gulungan koran wau nuli dipun anam, laras kaliyan polanipun. Supados kertas koran boten gampil suwek, saben kertas koran dipun sukani lisah mirunggan.

Awit pamundhutan saya kathah, saben produksi samangke Novi kedah tumbas koran bekas saking loakan utawi pengepul. Wanita lulusan UGM Yogyakarta punika tansah inovasi damel maneka kerajinan saking koran bekas. Kadosta damel tas,  mobil mobilan, sandal jepit, wadhah tisu, pigura lan ugi souvenir sarta undangan. Dene kangge panyadenipun nanjakaken media sosial utawi lumantar online

Boten namung nyekapi kabetahan saking salebeting kitha kemawon, samangke ugi kathah welingan saking sanjawining rangkah, kadosta saking Jakarta, Sumatera, Surabaya lan Bali. Racakipun kerajinan koran bekas punika dipun sade wiwit regi ewonan ngantos atusan ewu rupiyah, kanthi omset ngantos puluhan yuta rupiah ing saben wulanipun. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.