Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kerajinan Ringgit Klithik

Kerajinan Ringgit Klithik

Klaten, www.jogjatv.tv – Satunggaling warga Desa Gemampir , Kecamatan Karangnongko, Klaten, Jawa Tengah, Kotib Febi Mistar ngantos samangke, greget nekuni pakaryan minangka perajin ringgit klithik. Kepara wohing pakaryanipun nate  sasab dados juara 2 tataran nasional  sawetawis taun kapengker.

5 taun pungkasan Kotib lan warga sakiwa tengenipun damel ringgit  bahan baku kajeng  sengon,  mahoni lan jati kanthi nengenaken pepakemipun. Damel ringgit klithik betahaken wekdal 3 dinten dene panyadenipun rumambah dhateng  sawetawis wewengkon antawisipun   Semarang  , Mojokerto , Jakarta kepara ngantos  sajawining Pulo Jawa. Regi ringgit klithik antawis Rp 5.000,00  nganhtos  5 yuta rupiyah.

Camat Karangnongko Klaten, Jaka Supriyanta badhe tembayatan kaliyan maneka pehak kangge biyantu perajin ing tlatah kasebat, supados usahanipun ngembang ngrembaka lan lestari. (Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.