Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kawigatosan Ugm Dhateng Taman Amarilis

Kawigatosan Ugm Dhateng Taman Amarilis

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Risakipun kebon amarilis utawi sekar lily gadhahanipun sukadi warga beji, pathuk, gunungkidul ingkang sawetawis wekdal kapengker monjo ing media sosial awit kaendahanipun, pranyata narik kawigatosan kalanganing akademisi. Kangge mbiyantu mbenahi risakipun taman kasebat keluarga universitas gajah mada yogyakarta suka bantuwan arta lan desain pengembangan ilmu perkebunan.

Risakipun kebon sekar amarilis utawi sekar lily ing gunungkidul ingkang sawetawis dinten punika nedheng dados pirembaganipun masyarakat, mliginipun ing media sosial. Kebon sekar ingkang wiyaripun kalih ewu tigangatus seket meter pesagi punika awit kirangipun kesadaran wisatawan kangge njagi lestarining sekar ingkang namung mekar setaun sepisan punika. Taman sekar lily wau risak jalaran kepidak pidak dening warga ingkang badhe foto laras kaliyan pepenginanipun. Risakipun kebon sekar kasebat narik kawigatosanipun maneka pehak, kalebet kalangan akademisi saking universitas gajah mada yogyakarta ingkang suka bantuwan arta gangsal yuta rupiyah sarta suka desain pengembangan kebun. Salah satunggaling perwakilan saking ugm heru marwata mratelakaken, pehakipun nelakaken prihatos awit risakipun taman amarilis kasebat, awit saking punika ugm suka bantuan arta kanthi ancas supados dipun ginakaken kangge mbenahi taman. Kejawi punika pehak ugm ugi suka pamrayogi dhateng sukadi bab caranipun ngupakawis sekar lili ingkang namung mekar sadanguning kalih minggu punika. Lumantar program kasebat ugm ngajab ing tembenipun taman kasebat saged langkung sae malih.

Ahli perencanaan holtikultura ugm siti nurul rofiqo irwan mratelakaken, pehakipun sampun ningali dhateng taman, lan salajengipun badhe mranata desain taman, awit desain kebun bunga kados ing desa beji patuk punika kedah wonten sawetawis bab ingkang kedah dipun wigatosaken, antawisipun daya tarik, kenyamanan lan akses pengunjung. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.