Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gerakan Pemanfaatan Lahan Pekarangan

Gerakan Pemanfaatan Lahan Pekarangan

Bantul, www.jogjatv.tv – Ngantos samangke taksih kathah pekawisan ing karang padhusunan ingkang kirang tumanja. Kamangka menawi dipun tanjakaken kanthi trep, saking pekawisan kasebat saged kangge nambah pamedal kulawarga. Langkung-langkung samangke kathah komoditas pertanian ingkang saged dipun tanem dhateng pekawisan.

Kangge nggrengsengaken masyarakat nanjakaken pekawisan griya, Kodim 0729 Bantul tembayatan kaliyan Pemuda Abinaya Upangga, nindakaken biwara lan penyuluhan dhateng sawetawis papan bab nanjakaken pekawisan. Dinten Selasa (19/7) siyang Gerakan Pemanfaatan Lahan Pekarangan dipun gelar dhateng Padhukuhan Banyuurip, Caturharjo, Pandak,Bantul. Warga dipun ajak kangge nanem 5 ewu uwit kates dhateng pekawisan griya.

Miturut Ketua pemuda Abinaya Upangga, Seto Hutomo, gerakan punika minangka kupiya kangge mangsulaken pigunaning pekawisan minangka penyangga perekonomian keluarga sarta minangka kupiya kangge nggrengsengaken ketahanan pangan ing karang padhusunan.

Komandan Kodim 0729 Bantul, Agus Widiyanto nyengkuyung sawetahipun kupiya kasebat. Nanjakaken pekawisan wigati sanget awit samangke asring dumados anomali cuaca satemah olah tetanen boten saged dipun petang asilipun. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.