Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gejog lesung grahana srengenge

Gejog lesung grahana srengenge

Solo, www.jogjatv.tv – Sinaosa ing Solo boten dumados grahana srengenge wetah utawi total, nanging warga Solo lan wisatawan ngamanca tetep kanthi kebak greget ningali dumadosing grahana ing Bunderan Gladhag Slamet Riyadi Solo Jawa Tengah. Wujuding srengenge ingkang kados bulan sabit katingal watawis jam setengeh wolu enjing. Dene ing papan sanesipun cumawis kalih lesung ageng ingkang lajeng dipun tabuh imbal imbalan dening para bakul lan petani, kadosdene lampah adat kina ingkang lumampah turun  tumurun saben dumados grahana.

Nalika dumados grahana, lesung dipun tabuh imbal imbalan, minangka lambang bilih maneka kridha tetep kedah lumampah sinaosa dumados coblong utawi grahana. Tumrap bebrayan Jawa, lesung inggih piranti ingkang asring dipun prangguli, awit rumiyin ing saben dintenipun tansah dipun ginakaken kangge nutu.

Gejog lesung ingkang sinartan jogedan punika ugi nambah regenging suwasana nalika kathah warga mlempak kangge ningali dumadosing grahana srengenge. ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.