Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gangsa Sekaten Dipun Tabuh, Warga Ngganten

Gangsa Sekaten Dipun Tabuh, Warga Ngganten

Solo, www.jogjatv.tv – Kalih gangsa sekaten, kagungan Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari, dipun tabuh dhateng serambi masjid agung Kitha Solo, Jawa Tengah.

Warga saking Kitha Solo lan sakiwa tengenipun mlempak dhateng Masjid Agung Surakarta, kangge nglaras ungeling gangsa sekaten, dinten Kemis (18/12). Saderengipun gangsa sekaten dipun tabuh,   para abdi dalem lan sentana dalem Kraton Surakarta, monjukaken donga. Nalika gangsa sekaten dipun tabuh sepisanan, atusan warga rebatan janur ingkang ngrengga serambi Masjid Agung dene para wanita sami ngganten. Ngganten nalika gangsa sekaten dipun tabuh, dipun tindakaken kanthi turun temurun ancasipun supados awet timur,,

 

Gangsa sekaten dipun tabuh kangge mahargya pengetan Maulid Nabi wiwit jamanipun Walisongo. Sampun langkung saking 100 taun, tradisi kasebat dipun tindakaken ing Kraton Surakarta kalih gangsa sekaten dipun tabuh sedinten sedalu sadanguning seminggu. Pucak pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, Kraton Surakarta badhe nggelar   Garebeg Maulud, kanthi miyosaken kalih gunungan. ( Tim Liputan )

Share this with friends

Comments are closed.