Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Es Krim Pot

Es Krim Pot

Solo, www.jogjatv.tv –  Maneka kalangan masyarakat, temtu remen ngunjuk es krim awit lembut, lan miraos. Samangke ing sakiwa tengen Stadion Manahan, Solo, wonten bakul es krim pot.

Es krim pot pancen nyleneh. Es krim kasebat dipun wadahi   pot alit dene gatraning es kados dene taneman ingkang dipun tanem dhateng pot, jangkep siti, pang lan cacing.   Sedaya perangan es saged dipun tedhi, awit kadamel saking bahan makanan nanging pot lan sekar ingkang dipun ginakaken asli. Cacing kadamel saking cincau ingkang dipun iris panjang . Siti ingkang warninipun cemeng kadamel saking bubuk biskuit. Regi es krim pot ugi murwat, Rp 10.000,00 ngantos Rp 15.000,00 gumantung porsinipun.

Ingkang asring tumbas   es krim pot racakipun para pelajar awit kepranan dhateng gatranipun ingkang nyleneh. Es krim pot beda timbang es krim sanesipun, awit mawi bubuk biskuit lan meses coklat dene sedhotanipun saking wafer pramila ugi dipun tedhi. (Sazadi Abdilah)

 

Share this with friends

Comments are closed.