Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ekspoliner 2016 

Ekspoliner 2016 

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Warga RW 11 Gedong Kiwo, Kecamatan Mantrijeron, Kota Yogyakarta nggelar Ekspoliner taun 2016. Kridha taunan  punika ngiras kangge mengeti Hari Pariwisata.

Gumelaring Ekspoliner dipun kepyakaken dening  Lurah Gedong Kiwo, Supiyatun. Ekspoliner inggih kridha  taunan ingkang dipun gelar dening Dinas Pariwisata dan Budaya Kota Yogykarta  dene taun samangke inggih kridha ingkang kaping 6. Wonten kalodhangan kasebat dipun cawisaken maneka  kuliner sarta dipun regengaken pagelaran seni. Ekspoliner dados ajang kangge ndudah kaskaya wewengkon  inggih kuliner ,kerajinan sarta seni lan  budaya. Angkahipun kridha punika sageda  narik kawigatosan wisatawan ingkang sanja dhateng Kota Yogyakarta .

Lurah Gedong Kiwo,Supiyatun ngajab gumelaring kridha taunan samangke, estu murakabi tumrap   masyarakat kanthi wimbuhipun pamedal kulawarga. Awit saking punika, warga kaajab langkung kreatif   damel   produk lokal  ingkang panyadenipun laris . ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.