Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dungkap Natal Lan Warsa Enggal Regi Kabetahan Baku Mindhak

Dungkap Natal Lan Warsa Enggal Regi Kabetahan Baku Mindhak

Purworejo, www.jogjatv.tv – Dungkap natal lan warsa enggal taun 2016, regi sawetawis kabetahan baku ing Kabupaten Purworejo mindhak..

Saking panyemak ing peken darurat Kongsi Purworejo Jawa Tengah seminggu pungkasan, regi sedaya kabetahan baku racak mindhak. Brambang ingkang sakawit reginipun Rp 32.000,00 mindhak dados

Rp 40.000,00 saben kilo. Bawang sakawit reginipun Rp 22.000,00 mindhak dados Rp 25.000,00 saben kilo. Lombok rawit ingkang sakawit reginipun Rp 33.000,00 samangke mindhak dados Rp 38.000,00 dene tigan ingkang sakawit reginipun Rp 21.000,00 ewu mindhak dados

Rp 23.000,00 saben kilo. Sinaosa makaten regi gendhis, lan lisah goreng , taksih popog.

Miturut kadang bakul, samangke regi sembako awis jalaran regi saking distributor wiwit mindhak dene pasudiyan brambang lan lombok rawit, winates, kamangka kabetahan masyarakat tikel. (Pambudi Nugraha)

Share this with friends

Comments are closed.