Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Donor Darah Karyawan SGI

Donor Darah Karyawan SGI

Sleman, www.jgjatv.tv – Atusan karyawan PT Sport Glove Indonesia, Padhukuhan  Plumbon, Desa Sardonoharjo, Kecamatan Ngaglik, Sleman, dinten Senen (25/4) enjing ngadani aksi kemanusiaan donor darah. Kridha punika nampi panjurung saking PMI Sleman awit pendhonor ing Sleman taksih kapetang winates.

Saderengipun dipun pendhet rahipun, para calon pendonor dipun cek kasarasanipun langkung rumiyin. Menawi dipun telakaken saras, lajeng dipun pendhet rahipun dene calon pasarta ingkang dereng nyekapi sarat kangge donor, inggih boten dipun pendhet rahipun.

Miturut Presiden Direktur PT SGI, Mark Robba, kridha kasebat inggih wujud kawigatosan PT SGI dhateng masyarakat dene miturut sekretaris Palang Merah Indonesia, PMI Sleman, Sarijan, petangan ideal, gunggung pendonor dhateng satunggaling tlatah inggih 20 persen saking gunggung warganipun ing saben taun. Wondene ing Sleman, samangke pendonor saweg nol koma pitung persen saking gunggung warga. Awit saking punika minangka kupiya kangge ngindhakaken gunggung pendonor darah ing Sleman, donor darah kanthi murni kados ingkang dipun tindakaken dening PT SGI plumbon, saged dados patuladhan bebadan sanes. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.