Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Desa Sendangadi, Rintisan Desa Inklusi

Desa Sendangadi, Rintisan Desa Inklusi

Sleman, www.jogjatv.tv – Wiwit dipun kepyakaken minangka Rintisan Desa Inklusi ( Rindi) sawetawis wulan kapengker, Pemerintah Desa Sendangadi, Kecamatan Mlati, Sleman, tansah nengenaken kawigatosan dhateng kaum difabel ing wewengkonipun. Amrih rancaging program kasebat, samangke Pemerintah Desa Sendangadi kupiya ngudari perkawis ingkang dipun adhepi dening para penyandang disabilitas.

Miturut Kepala Desa Sendangadi, Damanhuri, ing Desa Sendangadi wonten 100 penyandang disabilitas lan sasampunipun dipun kepyakaken minangka Rintisan Desa Inklusi, pemerintah desa tansah nengenaken kabetahan kaum difabel. Supados pranatan ingkang dipun rantam cundhuk kaliyan pepinginan masyarakat kalebet kaum difabel pramila saderengipun nindakaken pambangunan fisik, pemerintah desa asring ngadani sarasehan sesarengan kaliyan warga ingkang gadhah kulawarga difabel sarta pehak ingkang kawogan. Salebeting   sarasehan ingkang kapengker, salah satunggaling warga wadul wonten sekolah ingkang nampik siswa inklusi awit saking punika kangge ngudari perkawis kasebat salebeting sarasehan pehakipun suka sedahan dhateng para guru saking maneka tataran sekolah.

Miturut Direktur Sasana Integrasi Dan Advokasi Difabel (Sigap) Yogyakarta, Joni Iriyanto, ngantos samangke penyadang disabilitas gadhah pepinginan ladosan ingkang sami kados warga ingkang normal. Awit saking punika, eman sanget menawi taksih wonten sekolah ingkang nampik siswa difabel.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.