Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Daging Ayam Awis, Ceker Laris

Daging Ayam Awis, Ceker Laris

Kulonprogo, www.jogjatv.tv — Regi sembako lan daging dhateng peken tradisional wates kulonprogo samangke saya mindhak awis. Daging ayam ingkang sakawit Rp.30.000,00 samangke dados Rp.32.000,00 saben kilonipun dene daging lembu taksih popog awis Rp.120.000,00 saben kilonipun. Awit regi ingkang mindhak, konsumen milih nyuda anggenipun blanja daging ayam utawi milih konsumsi ceker, jeroan lan sirah ayam ingkang reginipun langkung mirah. Regi ceker sewu angsal tiga dene sirah sewu rupiyah saben iji. Awit saking punika kathah bakul ingkang kelarisan ceker lan sirah ayam, ingkang saben dintenipun saged pajeng antawis 5 ngantos 10 kilo dene komoditas sanesipun reginipun ugi sampun mindhak. Lombok abrit kriting Rp.11.000,00, brambang Rp.32.000,00, bawang kating  Rp.35.000,00  tigan Rp.21.000,00. Sayuran kentang Rp.14.000,00, wortel Rp.15.000,00, tomat Rp.10.000,00 dene kobis Rp.7.000,00. Gendhis pasir Rp.12.000,00 dene uwos IR 64 Rp.8.000,00 lan menthik wangi  Rp.10.000,00 saben kilonipun. ( Muhammad Sugeng )

Share this with friends

Comments are closed.