Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Cuti Bersama, Dukcapil Tetep Bikak

Cuti Bersama, Dukcapil Tetep Bikak

Klaten, www.jogjatv.tv – Sinaosa libur cuti bersama, Dinas Kependudukan dan Cacatan Sipil (Dukcapil) Kabupaten Klaten,  suka ladosan mligi ing wanci lebaran.  Bab wau dipun tindakaken supados warga mliginipun para pemudik saged ngurus kartu kependudukan.

Puluhan pemohon Kartu Tanda Penduduk Elektronik – E-KTP ingkang saperangan ing antawisipun para pemudik, dhateng kantor Dukcapil Klaten, dinten Senen (4/6) enjing. Kepala Dukcapil Klaten, Widya Sutrisna, mratelakaken pancen boten wonten dawuh,  nanging sampun dados pakulinan. Kantor  bikak dinten Senen, Selasa lan Jemuwah benjing.  Pehakipun njadwal petugas piket sadangunipun libur cuti lebaran kangge ngladosi  pemudik ingkang ngurus dokumen kependudukan.

Widya mratelakaken, Dukcapil nyawisaken  900 keping E KTP kangge ngladosi data pemudik. Dinten Senen (4/6) wonten 88 pemohon ingkang nindakaken perekaman E-KTP. Salah satunggaling  pemudik saking Bekasi, Warga Desa Muruh, Gantiwarno, Agus Muryadi mratelakaken dhateng Kantor Dukcapil kangge pados E-KTP enggal awit  E-KTP lan  SIM-ipun ical dene  Miftahul Anam, Warga Desa Towangsan, Kecamatan Gantiwarno, dhateng Kantor Dukcapil kangge njabel data Kartu Keluarga lan salajengipun badhe pindah dhateng Kebumen. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.