Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Carita natal mawi sulapan

Carita natal mawi sulapan

Klaten, www.jogjatv.tv – Dinten Rebo (13/1) enjing mapan ing Gereja Kristen Jawa Kebonarum Blok 4 Krosok atusan Siswa Sd Umat Kristiani sarta Guru Sa Uptd Klaten Selatan tumut pahargyan natal sesarengan. Maneka kridha pentas seni sarta pujian saking saben sekolah dasar mahanani pahargyan prasaja punika dados regeng lan semuwa. Dene kangge nyariyosaken natal dhateng para siswa dipun tata kanthi cara ingkang nengsemaken inggih punika sulapan. Salah satunggaling pemain sulap, Menot, mratelakaken sulapan kanthi cariyos natal sengaja dipun gelar supados para siswa dados langkung remen lan purun migatosaken, satemah piweling lan piwucal natal saged dipun tampi kanthi langkung gampil dening para siswa.

Miturut salah satunggaling panitia natal, Pawestriningsih, piweling natal kasebat inggih punika ngajak para siswa rukun kaliyan sasamanipun, boten namung kaliyan sasamaning umat kristiani kemawon nanging ugi kaliyan umat agama sanesipun, supados tepaselira ing Klaten Jawa Tengah tansaya supeket. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.