Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Candi Ganjuran Regeng Dening Peziarah

Candi Ganjuran Regeng Dening Peziarah

Bantul , www.jogjatv.tv –Menggahing umat katolik, wulan Oktober dipun pitados minangka wulanipun Bunda Maria, ibunipun Yesus Kristus ingkang dipun angkat dening gereja minangka Ratu Rosari nalika tanggal pitu Oktober. Awit saking punika umat katolik saindenging donya mengeti wulan Oktober minangka wulan Rosario pramila sadanguning wulan Oktober umat katolik ziarah dhateng sawetawis guwa Maria, antawisipun dhateng Candi Ganjuran ing komplek Gereja Ganjuran , Desa Sumber Mulyo , Kecamatan Bambang Lipuro, Bantul. Candhi Ganjuran inggih candhi ingkang cakrikipun manunggalken cakrik Hindu, Budha lan Jawa pramila tansah dados jujugan jiarah umat katolik saking sawetawis wewengkon Indonesia. Miturut salah satunggaling peziarah saking Ngayogyakarta , Agus, ing wulan Oktober samangke sesarengan kulawarganipun ziarah dhateng sawetawis papan, minangka panuwunan supados kulawarganipun tansah jinangkung ing kawilujengan lan katentreman.

Wondene peziarah saking jakarta, Bob, sampun kaping 8 ziarah dhateng Candi Ganjuran minangka pratelan raos syukur awit sih nugraha Gusti ingkang hakarya jagad.

( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.