Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bupati Nyemak Ladosan Jamkesus

Bupati Nyemak Ladosan Jamkesus

Bantul, www.jogjatv.tv – Wiwit tumapak  taun 2016, Kabupaten Bantul suka ladosan Jaminan Kesehatan Khusus (Jamkesus) tumrap panandhang  disabilitas. Kanthi gentosan sedaya panandhang disabilitas ing tlatah Bantul dipun data salajengipun dipun sukani bantuwan alat bantu satrep kaliyan kabetahanipun.

Bupati Bantul Suharsono, dinten Rebo (31/8) siyang nyemak ladosan  Jamkesus ing  Aula Pemkab Bantul, komplek Perkantoran Manding. 150 panandang disabilitas saking  Kecamatan Banguntapan, Pleret lan Sanden, dipun priksa kasarasanipun dening dokter sarta dipun sukani kalodhangan nyobi   alat bantu ingkang dipun betahaken antawisipun kursi roda, kruk lan kaca tingal silinder. Salajengipun para panandhang disabilitas wau dipun welingaken  alat bantu satrep kaliyan kabetahanipun.

Bupati Bantul, Suharsono mratelakaken, samangke  Bantul dereng gadhah data ingkang gumathok magepokan cacahing  panandang disabilitas. Awit saking punika,  bupati ndhawuhi para camat lan lurah kangge nindakaken pendataan, mliginipun  tumrap panandhang disabilitas ingkang dereng nampi ladosan Jamkesus. Salajengipun pemkab badhe suka bantuan alat bantu trep kaliyan kabetahanipun.  Ngantos Wulan Agustus 2016, 560 panandang disabilitas ingkang pikantuk bantuan alat bantu lumantar Program Jamkesus. Angkahipun ngantos  pungkasan taun 2016 para  panandhang disabilitas ing Bantul sampun gadhah alat bantu sedaya.

Salah satunggaling panandhang disabilitas, Mukijo mratelakaken nandhang disabilitas jalaran tumempuhing  lindhu ageng taun 2006 kapengker  satemah nemahi  lumpuh. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.