Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Borobudur Today

Borobudur Today

Magelang, www.jogjatv.tv – Atusan seniman, saking Indonesia lan ngamanca, ngregengaken Borobudur Today Event Carnival Magelang 2015ing Desa Wanurejo, Kecamatan Borobudur, Kabupaten Magelang. Dhateng kawasan miniatur Candhi Borobudur, ing sauruting margi tumuju candhi, para seniman nglukis dhateng kanvas ingkang panjangipun 400-500 meter, trep kaliyan daya kreasinipun piyambak-piyambak. Miturut panitia, Umar Chusaini kridha kasebat inggih wujud pasrawungan ingkang rumaket antawisipun seniman lokal lan ngamanca.

Salebeting kalodhangan kasebat, para seniman ugi nggelar kirab dhateng sauruting margi tumuju Candi Borobudur, Kabupaten Magelang, kanthi nggelar beksan klasik lan kotemporer. Para seniman ugi ngangge busana nyleneh, antawisipun manusia lumpur lan koruptor ngangge topeng plastik. Kridha kanthi wragad swadaya punika miturut rantaman badhe dipun gelar kanthi ajeg kangge narik kawigatosan wisatawan.

( Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.