Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bebingah Gunungan Kangge Gajah

Bebingah Gunungan Kangge Gajah

Yogyakarta, www.jogjatv.tv –   Kangge mengeti ambal warsa kaping   62 gembira loka zoo, pihak managemen lan sedaya karyawan, dinten Selasa (10/11) enjing, tumut upacara dhateng sangajenging pintu gerbang iring wetan. Ancasipun kangge ngenget-enget labuh labet penggagas Kebun Binatang Gembiraloka, Sri Sultan Hamengku Buwono IX sarta pakualam VIII . Sasampunipun upacara, 3 koleksi gajah gadhahanipun Gembiraloka Zoo dipun sukani bebingah gunungan woh-wohan. Nalika tetiga gajah sami rebatan gunungan dados tetela narik kawigatosan wisatawan. Miturut Direktur Utama Gembira Loka Zoo, KMT Tirtodiprojo , pengetan 62 taun Gembira Loka Zoo dados kalodhangan kangge ngindakaken sarana lan prasana, tumrap wisatawan punapa dene kangge ndadosi kandhang sato awit ngantos samangke taksih kathah kandang ingkang dereng murwat . Miturut Tirtodiprojo wisatawan ingkang plesir dhateng Gembiraloka, saben taunipun mindhak. Nalika taun 2013 1;5 yuta lan taun 2014, mindhak dados 1,8 yuta wisatawan.

( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.