Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bantul kaangkah tumuli mujudi kedaulatan pangan

Bantul kaangkah tumuli mujudi kedaulatan pangan

Bantul, www.jogjatv.tv – Sinaosa samangke kathah wewengkon ingkang taksih ngreka daya kangge mujudi swasembada pangan tetela kabupaten sampun saged mujudi sawetawis taun kapengker. Awit saking punika, samangke kupiya ingkang dipun tindakaken mligi kangge diversifikasi pangan pramila Bantul kaangkah badhe tumuli mujudi kedaulatan pangan.

Bab wau dipun andharaken dening Kepala Badan Ketahanan Pangan Dan Penyuluhan Pertanian Kabupaten Bantul, Pulung Haryadi sasampunipun ngepyakaken pameran pertanian pengetan Hari Pangan Sedunia ing lapangan Paseban Bantul , dinten Jemuwah (30/10) siyang . Wiwit taun 80-an komoditas pantun ing Bantul sampun saged kangge nyekapi kabetahan kepara dipun kintunaken dhateng Kota Yogyakarta lan Kabupaten Gunungkidul. Kanthi kupiya mirunggan saking penyuluh pertanian , pahakipun nanggel Bantul badhe tumuli kasembadan mujudi kedaulatan pangan awit sedaya bahan pokok pangan lan bahan pangan pembantu sampun saged dipun cekapi dening petani piyambak.

Pengetan Hari Pangan Sedunia ing Bantul dipun regengaken pameran potensi pertanian dan hasil pertaniankanthi mameraken maneka komoditas hasil pertanian unggulan antawisipun pantun, jagung lan dele sarta sayuran lan woh-wohan. ing Pameran dipun gelar ngantos dinten Minggu (1/11).

( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.