Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bantul Defisit Pasokan Daging Ayam

Bantul Defisit Pasokan Daging Ayam

Bantul, www.jogjatv.tv – Mindhakipun regi daging ayam potong sawetawis wekdal pungkasan njalari kathah konsumen pisambat. Kejawi daging ayam potong, maneka regi barang kabetahan baku ugi tumut mindhak. Disperindagkop minangka pehak ingkang kawogan ugi tansah mbudidaya ewasemanten regi maneka barang kabetahan tetep awis.

Kepala Dinas Perindustrian Pergadangan Dan Koperasi Disperindagkop Bantul, Sulistiyanto nelakaken menawi wiwit taun 2013 kapengker Kabupaten Bantul wiwit defisit pasokan daging ayam potong. Kathahipun kandhang ayam ingkang dumunung celak papan padunungan wiwit nampi panyaruwe saking warga, satemah kathah peternak ingkang mbangun kandhang ayam dhateng sanjawining Bantul kanthi makaten kabetahan daging ayam potong kedah dipun pasok saking sanjawining Bantul, kadosta saking Kulonprogo/, Gunungkidul lan Jawa Tengah iring kidul. Awit saking punika nalika regi daging ayam saking sanjawining rangkah Bantul mindhak, kawontenan ing Bantul ugi badhe kaperbawan kadosta nalika pungkasan taun kapengker kathah pamundhutan daging ayam ing Bantul nanging awit winatesing pasokan pramila regi daging mindhak ngantos Rp 40.000,00 saben kilonipun.

Disperindagkop badhe usul dhateng Bapeda bab wontenipun zonasi khusus perindustrian peternakan ayam. Pemda nyawisaken pasiten ingkang tebih saking papan padunungan kangge papan teleng peternakan ayam pedaging lan ugi petelur satemah pasokan daging ayam saged cekap kepara langkung. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.