Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

BAKSOS TOYA RESIK

BAKSOS TOYA RESIK

Gunungkidul, DIY www.jogjatv.tv Mangsa ketiga samangke njalari sawetawis papan ing Kabupaten Gunungkidul warganipun kangelan nyekapi kabetahan toya resik.Kadereng raos prihatos, salah satunggaling perusahaanpengiriman dan pendistribusian barang utawi ekspedisi, suka bantuwan toya resik kangge warga ing Gunungkidul.

Kangge ngawekani bab kasebat, Pemerintah Kabupaten Gunungkidul sampun ngupiyakaken bantuwan ngintunaken toya resikdhateng sawetawis kecamatan ingkang wewengkonipun kekirangan toya resik. Nanging bab kasebat dereng saged kangge nyekapi kabetahan toya resik ngantos tataran dhusun. Kawontenan punika nuwuhaken raos prihatos saking maneka pehak, salah satunggalipun perusahaan pengiriman dan pendistribusian barang utawi ekspedisi ingkang suka bantuwan 140 tangki toya resik kangge warga ing Padukuhan Gathak 1, Desa Ngestirejo, Kecamatan Tanjungsari lan warga Padhukuhan Pejaten, Desa Giriwungu, Kecamatan Panggang.Kejawi suka bantuwan toya resik warga ugi nampi bantuwan sembako.Warga ingkang padatan namung nanjakaken tandhon toya jawah lan tuk sumber dhateng sakiwa tengen dhusun,rumaos remen kanthi wontenipun bantuwan toya resik punika. Kanthi kridha punika kaajab saged ngentheng enthengi sesangganipun warga kangge nyekapi kabetahan toya resik. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.