Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Anomali Cuaca,Uwit Woh Naga Boten Mawoh

Anomali Cuaca,Uwit Woh Naga Boten Mawoh

Bantul. www.Jogjatv.tv – Anomali cuaca ingkang dumados sawetawis wekdal punika, tetela boten namung mangaribawani tumrap kridha pertanian kemawon nanging ugi perkebunan buah naga. Kejawi mawohipun mundur, taneman boten tuwuh ngrembaka satemah petani uwoh naga kapitunan.

Suwasana kebun buah naga ing Pandansari, Sanden Bantul katingal sepen. Namung katingal sawetawis berah reresik sakiwa tengen uwit naga. Anomali cuaca ingkang dumados sawetawis wekdal punika, mangaribawani tumrap perkebunan buah naga. Hawa ingkang benter njalari taneman uwoh naga boten mawoh lan boten subur.

Miturut salah satunggaling pengusaha kebun buah naga ing Pandansari Subangkit, mesthinipun dungkap imlek kados samangke uwoh naga sampun ngancik mangsa panen raya nanging jalaran hawa sakelangkung benter, pramila taneman boten mawoh kamangka welingan uwoh naga kangge pahargyan imlek tikel, reginipun ugi mindhak, sakawit Rp 23.000,00 samangke Rp. 30 .000,00 saben kilo. (Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.