Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Angkringan Putri Pejabat

Angkringan Putri Pejabat

Gunungkidul,www.joghjatv.tv – Limrahipun  putra pejabat gesangipun sarwa sekeca lan  badhe bikak bisnis ageng .  Kosok wangsulipun, putri kaping kalih Bupati Gunungkidul tetela krenteg makarya minangka bakul angkringan .

Tigang wulan pungkasan, Yune Prana Elzuhriya lan semahipun Iwan Surya Purnawan bikak angktingan dhateng sangajeng griya mara sepuhipun, Dhusun Purbosari , Kecamatan Wonosari , Kabupaten Gunungkidul. Sinaosa putrid bupati, mboten njalari ibu peputra  tiga punika, lingsem ngayahi pakaryan prasaja kasebat.

Yune  lan semahipun, masak lan nyawisaken  unjukan piyambak dene angkringan bikak  jam 16.00 WIB ngantos ndalu. Dagangan ingkang dipun dasaraken sami kaliyan angkringan sanesipun. Yune gadhah gagasan bikak angkringan  awit usaha toko pakaian bayi ingkang sampun dipun lampahi mataun-taun dipun tutup jalaran  wekdalipun kangge momong yoganipun dene pawitan usaha kapendhet saking tabunganipun piyambak kepara sakawit keng ibu boten pirsa menawi Yune bakul angkringan.

Pamedal saking anggenipun bakukl angkringan,  Rp.300 ewu saben dinten. Wiwit dipun bikak, angkringan kasebat tansah laris kepara saperangan  warga boten nyana menawi ingkang bakul angkringan putri bupati. Yune inggih satunggal  saking saperangan  putra pejabat ingkang purun prihatos, sinaosa yektinipun gesangipun kacekapan.

 

(Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.