Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Anak Berah Nggirahi Dados Doktor

Anak Berah Nggirahi Dados Doktor

Bantul, www.jogjatv.tv–Sinaosa dede kulawarga ingkang sugih, boten ateges boten saged nyekolahaken yoganipun ngantos pawiyatan luhur. Sinaosa sarwa kekirangan, nanging satunggaling berah nggirahi, warga Padukuhan Ketandan Kulon, Imogiri , Bantul, Yuniati, saged nyekolahaken yoganipun ngantos jenjang doktoral. Nasib boten saged dipun selaki awit tumemen nggula wentah yoganipun, samangke saged methik asilipun. Yoga pembajengipun, Satya Candra Wibawa Sakti, lulus cumlaud program doktoral ing Universitas Hokaido Jepang. Sesanggan awrat ingkang dipun raosaken rikala semanten, samangke prasasat sirna awit yoganipun sampun wangsul.

Sakti kawisuda dados doktor nalika tanggal 25 September kapengker. Saderengipun, Sakti ngangsu kawruh pendidikan sarjana jurusan kimia ing Universitas Negeri Yogyakarta, nuli nglajengaken program magister paska sarjana UGM lan wusananipun pikantuk kalodhangan ngangsu kawruh program doktoral ing Jepang. Sakti mangertos menawi tiyang sepuhipun boten saged ngragati kuliah nanging kanthi sregep sinau ilmu kimia pramila pikantuk beasiswa wiwit pendidikan tingkat sarjana ngantos lulus doktor nalika umuripun   29 taun.

Wiwit taksih alit, Sakti dipun kulinakaken   disiplin sinau sarta dipun jurung supados dados lare ingkang lantip lan saged ngewahi nasib tiyang sepuhipun.

(Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.