Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ambal Warsa Dharma Wanita Persatuan Gunungkidul

Ambal Warsa Dharma Wanita Persatuan Gunungkidul

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kangge ngregengaken pengetan ambal warsanipun ingkang kaping 16, Dharma Wanita Persatuan Kabupaten Gunungkidul tansah ngadani maneka kridha.

Dharma Wanita Persatuan inggih bebadan ingkang warganipun para garwa pegawai negeri sipil, ingkang mengku ancas ngindakaken mutu sumber daya kulawarga PNS kangge mujudi kesejahteraan nasional. Minangka satunggaling bebadan pramila dharma wanita gadhah ayahan baku inggih punika suka pembinaan dhateng warganipun, mbangun guyub rukun, mbangun patembayatan kaliyan maneka pehak sarta nggrengsengaken kepedulian sosial. Warganing dharma wanita inggih sedaya garwa PNS, nyakup garwa pejabat negara bidang pemerintahan, garwa pegawai BUMN utawi BUMD, garwa kepala perwakilan Indonesia ing ngamanca, garwa perangkat pemerintah desa sarta garwa TNI lan polri. Wonten ing ambal warsanipun ingkang kaping nembelas samangke , Dharma Wanita Persatuan Gunungkidul ngadani maneka kridha, ing antawisipun pemasangan alat kontrasepsi kangge njurung lampahing Program Keluarga Berencana sarta suka bantuwan sosial dhateng warga miskin dene pucaking pengetan ambal warsa dipun gelar dhateng bangsal Sewoko Projo, Wonosari Gunungkidul, kanthi pagas tumpeng sarta lomba tumpeng.

Ketua Dharma Wanita Persatuan Gunungkidul, Sri Kistiah ngajab dharma wanita saged ngrengkuh sedaya masyarakat ing Gunungkidul lan saged suka pambiyantu dhateng PKK lan warga, mliginipun ing tlatah pelosok.

( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.