Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ama Keyong Ngrebda

Ama Keyong Ngrebda

Purworejo, www.jogjatv.tv – Para petani ing wewengkon Purworejo Jawa Tengah ngantos samangke pisambat awit ngrebdanipun ama keyong ingkang nerak taneman pantun ingkang nembe kemawon dipun tanem. Kangge ngawekani paneraking keyong,petani kedah nindakaken kanthi cara manual, inggih punika mendheti keyong saking pasabinan.

Kadosta ingkang dipun tindakaken dening para petani ing tigang desa wewengkon Kecamatan Bayan, inggih punika Desa Besole, Desa Tanjungrejo lan Desa Krandegan. Sinaosa para petani sampun mbudidaya kanthi damel kalenan dhateng pinggir sabin,nanging paneraking keyong tetep ngrebda. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.