Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Puja Bakti Ing Candi Mendut

Upacara Puja Bakti Ing Candi Mendut

Magelang, www.jogjatv.tv – Dungkap Pahargyan Waisak 2016, 12 pangarsa Umat Budha saking sawetawis wewengkon Indonesia mlempak dhateng Candhi Mendut ing Kabupaten Magelang. Panitia Perayaan Waisak saking perwalian Umat Budha Indonesia kasebat nindakaken Upacara Puja Bakti , bekta sesaji dhateng pelataran utama Candhi Mendut. Upacara dipun tindakaken dening Umat Budha ing sakiwa tengen Kabupaten Magelang saben dungkap Pahargyan Waisak.

Candi Mendut kangge nindakaken Upacara Puja Bakti sarta kangge ngleremaken tirta lan api abadi saderengiun dipun kirab dhateng Candi Agung Borobudur. Miturut rantaman,  20 ewu  Umat Budha saking sawetawis wewengkon Indonesia lan ngamanca badhe nindakaken Upacara Tri Suci Waisak 2560 Budish Era, dinten  Minggu tanggal 22 Mei 2016 ing Candhi Borobudur. ( Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.