Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kepyakan Kampung KB

Kepyakan Kampung KB

Bantul, www.jogjatv.tv – Laras kaliyan instruksi Presiden Joko Widodo bilih ing saben tlatah kedah suka pembinaan kampung KB, pramila Kabupaten Bantul tumuli nanggapi dhawuh kasebat kanthi ndhapuk sawetawis kampung KB. Dinten Senen (29/2 ) Bupati Bantul ngepyakaken kampung KB sepisanan ing Bantul, inggih punika ing tlatah Cepoko Trirenggo Bantul. Salajengipun saben Kecamatan badhe ndhapuk kampung KB minangka percontohan.

Minangka kupiya kangge ngindhakaken karaharjan masyarakat miskin, mliginipun ing karang padhusunan ingkang kathah nemahi maneka perkawis sosial lan ekonomi, Pemerintah Kabupaten Bantul wiwit ndhapuk kampung keluarga berencana. Kampung KB sepisanan dipun kepyakakaken dening Bupati Bantul, Suharsono, dhateng padhukuhan Cepoko, Trirenggo, Bantul. Salebeting kalodhangan kasebat, Suharsono ngajab dhateng sedaya masyarakat supados tumut nyengkuyung lampahing program nasional punika. Menawi dipun lampahi kanthi sae, program punika kawawas badhe saged ngindhakaken karaharjan masyarakat, inggih saking perangan ekonomi punapadene sosial.

Camat Bantul, Endang Rahmawati, mratelakaken cepoko dipun pilih dados percontohan kampung KB, awit gadhah derajat perekonomian ingkang andhap lan kathah perkawis sosial ekonomi ingkang dipun adhepi dening masyarakat. Awit saking punika kampung cepaka badhe dipun kemonah kanthi lampahing program kampung KB. Ing wewengkon Kecamatan Bantul wonten gangsal padhukuhan ingkang badhe kadhapuk dados percontohan kampung KB. Salajengipun kampung kampung sanes ingkang gadhah perkawis sosial ekonomi ugi badhe kadhapuk dados perangan saking kampung KB punika.( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.