Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

890 PELAJAR SD – SMA NAMPI BEASISWA PRESTASI

890 PELAJAR SD – SMA NAMPI BEASISWA PRESTASI

Sleman, DIY www.jogjatv.tv Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga, Disdikpora Kabupaten Sleman, dinten Selasa (24/11) siyang suka beasiswa prestasi dhateng 890 pelajar SD-SMP lan SMA SMK sa Kabupaten Sleman ingkang gadhah prestasi ing tataran daerah, nasional punapadene internasional. Kaajab beasiswa saged dipun tanjakaken kanthi satrepipun kangge nggayuh prestasi ingkang langkung monjo malih.

Beasiswa prestasi kangge para siswa SD-SMP, SMA lan SMK sa Kabupaten Sleman ing Gedung Serbaguna Sleman punika dipun paringaken kanthi simbolis dening Penjabat Bupati Sleman Gatot Saptadi dhateng para pelajar ingkang wenang nampi. Miturut Kepala Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Sleman, Arif Haryono, prestasi ingkang kagayuh dening para pelajar Sleman punika inggih prestasi tataran daerah, nasional punapadene internasional. Ing antawisipun, juara olimpiade saint, lomba olimpiade olahraga, paskibraka, lomba kreastifitas siswa sarta juara ujian nasional lan ujian sekolah ing tataran nasional. Agengipun beasiswa kasebat antawis 500 ewu rupiah ngantos 5 yuta rupiah saben tiyang. Agenging beasiswa prestasi antawisipun perorangan lan beregu pancen beda, beasiswa perorangan langkung kathah.

Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi mratelakaken, beasiswa prestasi punika antawisipun kangge njurung greget sinau para pelajar amrih saged nggayuh prestasi ingkang langkung monjo malih, satemah saya kathah pelajar berprestasi ing Sleman. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.