Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Purworejo, www.jogjatv.tv — Dewan Harian Cabang Badan Penerus Pembudayaan Kejuangan empat lima Purworejo, masang bambu runcing dhateng 27 pasareyan pejuang 45 ancasipun kangge ngaosi perjuwangan para pahlawan ingkang gugur salebeting ngrebat kamardikan nagari Republik Indonesia. Penjabat Bupati Purworejo Jawa Tengah, Agus Utomo, kepareng nancepaken bambu runcing dhateng pasareyan pejuang 45, Sukarno ing sasana laya Desa Tursino Kecamatan Kutoarjo. Salajengipun penjabat bupati masrahaken tandha pangalembana dhateng ahli waris Sukarno.

Miturut Ketua Dewan Harian Cabang Badan Penerus Pembudayaan Kejuangan 45 Purworejo, Istiharto kajawi dhateng pasareyan Sukarno, pasareyan pejuwang sanesipun ugi badhe dipun tancepi bambu runcing, kangge tetenger pejuang.

(Pambudi Nugraha)

Share this with friends

Comments are closed.