Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

6 SMA Gelar UNBK

6 SMA Gelar UNBK

Bantul, www.jogjatv.tv – Wiwit dinten Senen (4/4) siswa kelas kalih welas SMA lan SMK ing Kabupaten Bantul, tumut  Ujian Nasional Berbasis Komputer (UNBK), sinaosa makaten wonten ugi sekolah ingkang boten ngadani ujian berbasis computer dene lampahing UNBK dhateng sawetawis sekolah ing tlatah Klaten, Jawa Tengah, dipun awat-awati ngginakaken CCTV.

Dinten Senen (4/4) enjing, SMA N 1 Bantul, ngadani Ujian Nasional Berbasis Komputer,  Komputer Based Test, ingkang sepisanan. Sedaya cecawisan dipun tindakaken dening panitia amrih rancaging ujian.

Miturut Kepala SMA N 1 Bantul ingkang ugi ketua Pokja Satu UNBK Bantul, Titi Prawiti ing Kabupaten Bantul, wonten 6 SMA ingkang ngadani UNBK, inggih punika, Pokja  Satu, SMA N 1 Bantul, SMA Kesatuan Bangsa, lan MAN Gandekan dene  Pokja Dua, MAN Lab UIN lan MAN Sabdodadi. Sekolah kejuruan ingkang ngadani UNBK, inggih punika Smk 1 Sewon, SMK 1 lan SMK 2 Kasihan.

UN Dipun Awat-Awati Ngginakaken CCTV

Klaten, www.jogjatv.tv – Kajawi dipun awat-awati dening pengawas ing ruangan, sawetawis sekolah ugi ngawat-awati lampahing ujian ngginakaken kamera CCTV, kadosta ing SMK Negeri 1 Pedan Klaten. Tigang ruangan ujian dipun pasangi kamera CCTV kangge nyemak komputer ingkang nemahi gangguan,  supados saged tumuli dipun lintu komputer cadangan. SMK N 1 Pedan, nyawisaken 4 unit komputer cadangan dhateng saben ruangan ujian. Kajawi punika, kamera CCTV ugi kangge nyemak kejujuran siswa salebeting nggarap soal ujian nasional.

Pasarta ujian ing SMK Negeri 1 Pedan Klaten Jawa Tengah, inggih 316 siswa lan kapantha dados tigang rambahan, awit   komputer ingkang dipun cawisaken namung 1/3 saking cacahing siswa.

(Anang Zainudin + Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.