Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

45 Difabel Nampi Bantuwan Kursi Roda

45 Difabel Nampi Bantuwan Kursi Roda

Bantul, www.Jogjatv.tv – Puluhan penyandang disabilitas ing Kabupaten Bantul nampi bantuwan kursi roda saking pemerintah. Bantuwan kasebat inggih bantuwan saking Program Jaminan Kesehatan Khusus Jamkesda mligi kangge penyandang disabilitas.

Puluhan penyandang disabilitas, dinten Kemis  (25/2) siyang mlempak dhateng  Aula Dinas Kesehatan Bantul,kangge mendhet bantuwan kursi roda program Jamkesus Pemda DIY. Saderengipun nampi bantuwan kursi roda, para penyandang disabilitas dipun ampingi dening lembaga social supados sengguh salebeting pasrawungan. Miturut salah satunggaling pendamping saking UCP, Mariana Kurniawati, program kasebat  kangge nglajengaken  aplikasi Jamkesus ing DIY. Kawitanipun UCP ndata penyandang disabilitas dhateng Balai Rehabilitasi Penyandang Disabilitas Daerah ing Pundong  lajeng dipun sukani pendampingan mental lan social. Wonten  45 kursi roda ingkang dipun pasrahaken, 40 kangge  Warga Bantul ingkang 5 kangge  Warga Sleman lan Gunungkidul.

Salah satunggaling  penyandang disabilitas, Erna Sulistianingsih rumaos remen nampi bantuwan kursi roda. Ewa semanten Erna ugi rumaos prihatos awit dereng sedaya  penyandang disabilitas nampi bantuwan kursi roda. (Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.