Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

30 disabilitas nampi bantuwan

30 disabilitas nampi bantuwan

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Tigangdasa panandhang disabilitas nampi bantuwan piranti masak saking Bidang Tenaga Kerja Kota Yogyakarta. Kanthi paket piranti punika kaajab saged kangge njurung para panandhang disabilitas mandhiri lan tumemen wirausaha produksi bakpia.

Bantuwan paket piranti produski bakpia kangge para panandhang disabilitas punika dipun pasrahaken dinten selasa (12/1) enjing ing kantor Bidang Tenaga Kerja Kota Yogyakarta. Bantuwan piranti kasebat jangkep, wiwit saking kompor, tabung gas ngantos loyang. Bantuan piranti produksi kasebat dipun paringaken dhateng 30 panandhang disabilitas ing Kota Yogyakarta ingkang saderengipun sampun nampi pelatihan cara produksi bakpia ingkang pantes sinade.

Sri Hartati, Pengantar Kerja Madya Dinsosnakertrans Kota Yogyakarta mratelaken bantuwan punika ngecakaken redana saking APBN taun 2015 kanthi pengaos 206 yuta rupiah. Bantuwan punika dipun paringaken mligi kangge panandhang disabilitas ing Kota Yogyakarta, minangka sarana panyengkuyung supados saged mandiri lan tumemen anggenipun wirausaha. Pemerintah Kota Yogyakarta badhe tansah nyemak lan ngampingi supados para panandhang disabilitas kasebat saged wirausaha saestu.

( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.