Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

1080 Lulusan Smk Tumut Musaba Job Fair

1080 Lulusan Smk Tumut Musaba Job Fair

Bantul, www.jogjatv.tv – Saben siswa SMK kedah ngindhakaken kompetensi keahlian kangge sangu rebat unggul salebeting jagad pakaryan. Langkung- langkung samangke ing era MEA tenaga ngamanca kaparingan papan kangge mlebet dhateng Indonesia. Kejawi punika para siswa SMK ugi kedah gadhah krenteg kangge sinau dhateng tataran ingkang langkung inggil malih.

Bab kasebat dipun andharaken dening Kepala Dinas Pendidikan Menengah dan Non Formal Kabupaten Bantul, Masharun Ghazali nalika ngepyakaken Open Recruitment utawi Job Fair ingkang dipun gelar dening Smk Muhamadiyah 1 Bantul tembayatan kaliyan satunggaling perusahaan mobil kawentar ing Indonesia. Ing taun 2015 kapengker serapan lulusan SMK ing Bantul saweg 72,5 persen lan kanthi wontenipun Open Recruitment samangke kaajab keterserapan tenaga kerja lulusan SMK saged mindhak ngantos 75 persen.

Miturut ketua panitia Musaba Job Fair, Sugiman, job fair inggih perangan saking patembayatan sekolahan ugi kangge suka papan tumrap 1080 siswa SMK ingkang lulus taun samangke lan taun 2015 kapengker. Boten namung siswa saking SMK Muhamadiyah 1 Bantul kemawon, pasarta Open Recruitment ugi saking saindenging SMK ing DIY lan Jawa Tengah Selatan. Menawi dipun telakaken lulus ujian psikotes, wawancara lan tes kesehatan/, pasarta Open Recruitment badhe lajeng dados karyawan perusahaan otomotif kasebat. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.