Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News filed in:

"Pawartos Ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Kepyakan TMMD Sengkuyung Tahap II

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – TNI Manunggal Membangun Desa , tahap II taun 2015 Kota Yogyakarta dipun gelar. Lampahing TMDD dipun kepyakaken dening Komandan Kodim nol tujuhtiga empat Yogyakarta, Letkol Inf HM Gurning ing lapangan Karang Kotagede, dinten kemis (8/10) enjing.Upacara dipun rawuhi dening Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti sarta pimpinan Forkompinda Kota Yogyakarta. Kepyakan TMMD dipun tandhani... {...}

Continue Reading →

Dungkap Sura Regi Menda Mindhak Awis

Purworejo, www.jogjatv.tv –Dinten kemis (8/10) enjing, suwasana peken rajakaya Purworejo, Jawa Tengah beda kaliyan padatanipun. Peken rajakaya katingal sepen lan namung sawetawis blantik kemawon ingkang dhateng peken mbekta daganganipun. Sinaosa makaten, samangke regi menda kepara malah mindhak, langkung awis tinimbang nalika Idul Adha kapengker, inggih tumrap menda jawa randhu lan ugi gembel. Miturut blantik menda... {...}

Continue Reading →

Batik ing laladan cengkar

Klaten, www.jogjatv.tv –desa jarum, kecamatan bayat, klaten inggih salah satunggaling wewengkon ing kabupaten klaten ingkang saben mangsa ketiga kawontenanipun garing lan cengkar. Sinaosa makaten warga desa jarum gadhah kaprigelan ingkang unggul inggih punika minangka perajin batik. Kanthi turun temurun warga makarya minangka perajin bathik, ingkang dados sumber pamedalipun awit kridha saking olah tetanen boten saged... {...}

Continue Reading →

Bathik Massal Siswa SD IT Al Khairaat

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kanthi ancas kangge nglestantunaken sarta kangge nepangaken batik dhateng lare-lare, SD IT Al Khairat nggelar praktek mbathik massal tumrap siswanipun. Kanthi kridha kasebat, pangajabipun dados panjurung tumrap siswa, supados ing tembe greget mbathik amrih lestari, awit bathik inggih salah satunggal kaskaya bangsa Indonesia. Siswa kelas 4 ngantos 6,dipun ajak mbathik sesarengan, ancasipun... {...}

Continue Reading →

Upacara Bendera Pengetan Ambal Warsa Kota Jogja

Yogyakarta, www.jogjatv.tv–Beda kaliyan dinten padatan dinten Rebo (7/10) enjing, siswa lan guru SMP Stella Duce 1 Yogyakarta, nggelar upacara bendera kanthi satataning budaya jawa, aba-abanipun ngangge basa jawa dene pasarta upacara ngangge busana adat jawa. Ancasipun kangge nepangaken kabudayan lan njurung raos tepa salira sarta kangge mengeti ambal warsa kaping 259 Kota Yogyakarta. SMP Stella... {...}

Continue Reading →

Pucak Pengetan Serbuan Kota Baru

Yogyakarta, www.jogjatv.tv–Dewan Harian Cabang Badan Penerus Pembudayaan Kejuangan 45, kanthi tembayatan kaliyan Prajurit TNI Polri sarta pelajar, nggelar upacara, pucak pengetan Serbuan Kota Baru kaping 70, ing asrama Korem 072 Pamungkas, dinten rebo (7/10) enjing, kanthi inspektur upacara Walikota Yogyakarta, Haryadi Suyuti. Salebeting pambagyanipun Haryadi ngandharaken, samangke generasi muda kirang pana dhateng sejarah Kota Yogyakarta.... {...}

Continue Reading →

Lomba Pengolahan Hasil Pertanian

Sleman, www.jogjatv.tv- Dinas Pertanian Perikanan Dan Kehutanan Sleman, nggelar Lomba Pengolahan Aneka Hasil Pertanian , ing plataran Kantor Dispertanihut Sleman, dinten rebo (7/10) siyang. Ancasipun kangge ngregengaken pengetan Hari Pangan Sedunia kaping 35 ingkang dipun pengeti saben tanggal 17 Oktober.Salebeting kalodhangan kasebat dipun gelar 4 lomba inggih punika lomba masak bahan baku tela pohung, daging... {...}

Continue Reading →

Anak Berah Nggirahi Dados Doktor

Bantul, www.jogjatv.tv–Sinaosa dede kulawarga ingkang sugih, boten ateges boten saged nyekolahaken yoganipun ngantos pawiyatan luhur. Sinaosa sarwa kekirangan, nanging satunggaling berah nggirahi, warga Padukuhan Ketandan Kulon, Imogiri , Bantul, Yuniati, saged nyekolahaken yoganipun ngantos jenjang doktoral. Nasib boten saged dipun selaki awit tumemen nggula wentah yoganipun, samangke saged methik asilipun. Yoga pembajengipun, Satya Candra Wibawa... {...}

Continue Reading →

Upacara Merti Desa Banyuurip

Purworejo, www.jogjatv.tv–Warga Desa Banyuurip, Kecamatan Banyuurip, Purworejo Jawa Tengah, nggelar upacara merti desa, dhateng Pundhen Parigi utawi petilasanipun cikal bakal desa Pangeran Joyokusumo Lampahing upacara katindakaken kanthi nggelar ringgitan sadinten sedalu. Beda kaliyan padatan, upacara merti desa ingkang padatan dipun adani saben wulan rejeb, samangke dipun gelar ing wulan besar tengahing mangsa ketiga. Warga dhateng... {...}

Continue Reading →

Tradisi Wiwitan

Sleman, www.jogjatv.tv–Ngantos samangke upacara wiwitan, taksih dipun tindakaken dening sanak kadang tani. Warga Dhusun Cancangan, Wukirsari, Cangkringan, Sleman, nindakaken tradisi wiwitan, saderengipun panen pantun, sinengkuyung dening pehak desa sarta aparat kodim cangkringan. Upacara kapurwakan dedonga sesarengan dipun pandhegani dening rois salajengipun ubarampe ingkang dipun cawisaken, inggih tumpeng , ingkung ayam lan maneka asil wulu wedaling... {...}

Continue Reading →

Page 93 of 99